Rabu, 05 Maret 2014

pidato bahasa jawa

Perpisahan Kelas 9
Assalamu'alaikum wr. wb.

Ingkang kinurmatan Kepala SMP 3 Patebon Bapak Teguh Isworo, S.Pd.,M.Pd., Bapak ibu guru sarta walimurid ingkang dahat kinurmatan. Kanca-kanca saha adik kelas ingkang kula tresnani ingkang.
Saderengipun mangga sesarengan kula lan panjenengan ngaturaken muji syukur dhumateng Gusti Allah. Ingkang sampun maringi rahmat saha hidayah. Dene kula lan panjenengan saged makempal wonten mriki.
Bapak ibu guru ingkang dahat kinurmatan, kula minangka wakil saking kelas 9, ngaturaken agunging panuwun dhumateng tiang sepuh sarta bapak ibu guru, ingkang sampun nggulawenthah dhumateng para siswa. Sahingga saged lulus kanthi  prestasi ingkang sae.
Kula badhe ngaturaken ngapunten dhumateng bapak ibu guru. Dene kula lan kanca-kanca kagungan lepat dhumateng bapak ibu guru. Kula lan kanca-kanca kelas 9 tansah nyuwun mugi-mugi adik-adik sregep anggenipun sinau lan tansah mituhu dhumateng bapak ibu guru. Mboten kantun kula nyuwun dhumateng Gusti Allah supados bapak ibu guru saha adik-adik pikantuk kenikmatan.
Mboten pragyogi menawi atur pamitan kula pepanjang. Kula namung nyuwun pangestu supados pikantuk sekolah ingkang sae. Menawi wonten kirang anggenipun kula matur, kula tansah nyuwun ngapunten tanpa upami.
Wasslamu'alaikum wr. wb.


Nama         : dedy ikhza hafidz                            
No              : 3
Kelas        : IX – E

Mapel       : Bahasa Jawa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar