MITONI
Mitoni iku asalé
saka tembung pitu (7). Upacara adat iki dianakaké wektu calon ibu nggarbini
utawa meteng 7 sasi. Ancasé kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo
sing sipaté tolak bala. Ing dhaérah tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban.
Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan sampurna ing sasi kaping 7. Reroncen acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati. Urut-urutane yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ning njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokake klapa gadhing enom), medhot lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasane yaiku kendhuren. Acara siraman mung dianakake kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu dianakake ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa dina Jemuah awan nganti mbengi.
Rangkeyan Acara Rantaman adicara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati, urut-urutan yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ing njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan nglebokake cengkir klapa gadhing, medhot lawe utawa lilitan benang janur, mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasan kendhuri kendhuren.
Acara siraman namung dianakake kanggo mitoni anak mbarep. Wektu Miturut adat Jawa mitoni iku kudu diadani ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuwah awan nganti mbengi, saderengipun wulan 'purnamasidhi'.

v Tata Carane
Masarakat Jawa
tansah ora uwal saka tatacara adat tradhisi. Apa maneh kang gegayutan
karo sangkan paraning manungsa. Wiwit manungsa ana njero kandhutan
nganti manungsa surut ing kaseban jati, tansah diiring kanthi adat
tradhisi kang digelar ing wayah tartamtu.
Dene tatacara lan upacara tradhisi kang digelar nalika sawijining
wanita lagi ngandhut duwe pangajab supaya ibu lan anak utawa wiji dadi
kang dikandhut tansah wilujeng nir sambikala. Pangajab liyane, bayi kang dilairake
mbesuke bisa antuk kabegjan uripe.
Maneka tatacara
dilakoni nalika kandhutan wiwit umur telung sasi ana wilujengan utawa
selametan nigang wulani, petang sasi, limang sasi, enem sasi, pitung
sasi kang disebut mitoni, sarta sangang sasi kang disebut procotan.
Miturut Prasetyo Adi Wisnu Wibowo, dhosen Sastra Daerah FSSR UNS
Solo, kanggo njaga supaya jabang bayi bisa slamet nalika ing kandhutan
nganti wancine lair, wong Jawa ngleksanakake maneka warna wilujengan.
Maneka upacara tradhisi lumrah dilakoni jroning cakra manggilingan
uripe manungsa Jawa nalika wanita lagi ngandhut wiwit umur kandhutan
sesasi nganti sangang sasi.
“Dene nalika umur
kandhutan wus ngancik pitung sasi, diadani upacara slametan kang disebut
mitoni utawa tingkeban. Mitoni iki dilakoni dening wong Jawa mligine
nalika wanita lagi ngandhut kang kapisan utawa mbobot tembean,”
ujare Prasetyo, ing andharane jroning sawijining pirembugan ing FSSR,
sawetara wektu kapungkur.
Upacara mitoni
utawa wilujengan pitung wulanan iki lumrahe nganggo ubarampe kang
disedhiyani dening kulawarga wanita kang nembe ngandhut. Ubarampe
slametan nglimputi sekul janganan, jenang abrit, jenang baro-baro,
jajan pasar lan sriyatan kang ginawe saka wijen, dhele, kacang kang
kagangsa ing gendhis. Saliyane iku uga cengkaruk timbal, penyon,
pring sadhapur lan tumpeng robyong kang arupa tumpeng dicemplungake
ing cething, diwenehi iwak kebo lan endhog godhog, gereh, krupuk. Ubarampe
liyane awujud janganan mentah kayata lombok, terong, janganan lan
sawetara jinis kembang-kembangan. Tumpeng janganan digawe cacah pitu
dijangkepi pitung iji apem conthong.
Jroning upacara
mitoni iku uga ana tatacara gantos penganggen ngantos kaping pitu
kang sabanjure disebut tingkeban. Nut Serat Tatacara anggitane Ki
Padmasusastra, upacara tingkeban iki dileksanakake nalika tanggal
ganjil tanpa ngliwati purnama (sadurunge tanggal 15, upamane tanggal
3, 5, 7, 9, 11, 13 lan 15). “Upacara mitoni utawa tingkeban diadani jalaran
nurut kaprecayane wong Jawa, bayi ing kandhutan nalika umur pitung
wulan wis diparingi nyawa dening Pangeran. Dene ritual baku jroning
upacara mitoni yakuwi siraman lan ganti busana nganti kaping pitu,”
ujare Prasetyo.
v Tata Cara Siraman
Tata carane siraman,
ing papan kang wus ditemtokake dicepakake jembangan wadhah banyu
kang wus diwenehi kembang setaman. Banyu kang wus diwenehi kembang
setaman kuwi dianggo siraman wanita kang lagi ngandhut.
Upacara siraman
dhewe dileksanakake wanci jam 11.00 WIB amarga dipracaya para hapsari
uga tumurun saka kayangan saprelu arep adus. Dene kang mimpin siraman
yakuwi dhukun, dene kang nyiram wanita kang ngandhut yaiku para pinisepuh
putri kang cacahe pitu utawa sangang wong. Cidhuk banyu kang dianggo
kudu saka bathok utawa siwur.
“Sadurunge siraman,
wanita kang ngandhut dilulur luwih dhisik nganggo glepung beras mancawarna
dicampur mangir, pandhan wangi kang wus dirajang lembut lan godhong kemuning
kang wus dipipis. Nanging uga ana sumber liya kang nyebutake piranti
kang digunakake ngresiki cacahe pitung rupa yakuwi wedhak agal, sedheng
lan lembut, mangir, sindhu, lulur lan asem,” jarene Prasetyo.
Papan kanggo lungguhe wanita kang lagi ngandhut iku arupa dhingklik
cilik kang dilambari godhong apa-apa, saliyane itu uga godhong kluwih,
kara, maja, dhadhap serep, alang-alang, klasa mendhong, dhingklik uga dilambari
kain warna-warna, contone sindur, jarit kanthi motif yuyu sekandhang.
Padusan kakrobong
utawa ditutup nganggo kain jarit motif rangrangan utawa cindhe. Padusan
iki ana ing latar sisih kiwa utawa tengen omah kanthi lawang ngadhep
ngetan. Krobong dirias nganggo tuwuhan jangkep arupa pisang, tebu
lan cengkir gadhing.
Ing Serat Tatacara
anggitane Ki Padmasusastra kasebutake, rampung siraman banjur ganti
kain pasatan lan diubedi letrek utawa kain jarit kang logro sarta dianggoni
sabuk saka godhong tebu tulak. Saka njero letrek kuwi pinisepuh
nglebokake tropong ing njero jarit lan nyeblokake. Sabanjure sabuk
mau dipotong nganggo keris. Sawuse pedhot, bojone wanita kang lagi
ngandhut iku diakon lunga tanpa pamit. Bebarengan karo kuwi ibu Maratuwa
mbanting endhog pitik mentah lan bapake mecah cengkir gadhing kang wus
digambari Kamajaya-Kamaratih, Janaka-Subadra, utawa Panji lan Candra
Kirana, banjur disigar dadi loro. Nalika mecah cengkir direwangi
bapak kandhunge wanita kang lagi ngandhut kuwi.
Wanita kang ngandhut
banjur diiring mlebu omah lan ngadeg ing ngarep petanen. Ing papan kuwi
wus dicepakake sinjang lan kemben cacah pitu. Sateruse para pinisepuh
nganggokake jarit iku mbaka siji. Rampung nganggo siji banjur diuculi,
banjur dianggokake maneh liyane. Ngono terus nganti kaping enem lan
para pinisepuh mesthi ngomong durung patut. Kang pungkasan, para pinisepuh
nganggokake jarik truntum kemben motif bangotulak. Bebarengan karo
kuwi, para pinisepuh padha ngomong wis patut.
“Wayah wengine uga
dibabar wayangan kanthi lakon kelairan, contone Gathutkaca lair.
Sing duwe omah nyedhiyani pasugatan kanggo dhalang lan niyaga. Kanggo
dhalang diwenehi rampadan kaping pindho, arupa sekul ambeng, 10 piring
iwak lan 10 piring panganan
NAMA : DEDY IKHZA HAFIDZ
NO : 3
KLS :
IX E
Tidak ada komentar:
Posting Komentar